Senin, Juni 9, 2025
No menu items!

Geguritan Dening Rois Milano

Must Read

Kowe Arep Ngapa, Ngger?

Sun nggegurit, mugya dadi pamawasira
Pra siswa taruna Nusantara

Ngger.. putra-putriku
Mangertiya yen ‘pun Bapa wus ngancik wredha
Sedhela maneh bakal purna,
Pindha bagaskara ing wanci surup, yekti bakal angslup

Ya kowe kabeh,
para mudha taruna kang bakal nerusake labuh-lelabetingsun
Asung bekti nglabuhi negari
Mula rungakna piwelinge ‘pun Bapa, kulup..

“Iqra’, wacanen!”, ngendikane Gustimu ing purwaka
Tegese cetha wela-wela
Aja nganti kendhat anggonmu sinau
Ngupadi elmu ora kudu aneng sekolah, ngger..
Sejatine saklumahe bhumi sakkurepe langit iku-
bisa dadi sanggar pawiyatanmu
Sakabehe titah ing jagad triloka bisa dadi dwija lan tuladha

Kawruhana ya Ngger.. ndonya sakisine terus lumampah netepi sunatullah
Nora bakal ngenteni sapa wae kang dhemen tetirah
Mula enggala gumregah, tangi saka impen kang sarwa endah

Sabab panguripan sangsaya awrat
Sakabehe jejibahan sarwa kebat-kliwat
Pakaryan wus padha diayahi robot lan mesin
Mula kowe kabeh kudu ajar olah pikir
Ora mung ngandelake otot kuat kang pindha kawat

Yen wus kaya mangkono, banjur kowe arep ngapa, Nduk?
Nadyan nduwe bandha donya mas picis raja brana
Lamun nora becus nulis lan maca yekti bakal tuna

Banjur kowe arep asung kridha apa, Thole?
Jaman sakmangkin dudu mangsane kanggo adol okol
Palagan kang saktemene mbutuhake lantipe akal

Banjur kowe arep menyang endi, Kaki?
‘Basan sapirang-pirang manca nagari wus bisa kokangkahi
Yen datan bisa ngudhari piwulang kang sastra sinandi,
yekti bakal ngisin-isini

Mula enggal tangia ya, Nduk, Thole…
Gugahen cipta, rasa, lan karsamu, landhepna pancadriyamu,
jejegna jumenengmu, cetha’na panyerumu!
Tetepana sesanti kuna para waskita
Jaya jaya wijayanti, jaya Nusantara salaminya

Malang Brang Kidul, 11 Jimawal 1958

PENGGURIT

ROIS MILANO minangka sawijining tiyang jalu lumrah kang manggon ing tlatah Malang Kidul. Kanugrahan kulawarga garwa kinasih lan dwi putra kinaran Sekar lan Bhre.
Minangka warga(rakyat) jelata, sabendinane ngayahi pakaryan mucal ing Pondok Pesantren Al-Rifaie 1 Gondanglegi. Kang diwucalake uga pelajaran limrah, Basa Jawa, Basa Inggris, lan P5. Sakliyane mulang, kala-kala uga kadhapuk dadi Ratu. Sanes Ratu kang satuhu, nanging Ratuning kethoprak.
Kangge njagi kesarasan mental, nduweni kasenengan nulis sabubare mucal. Nyerat punapa kemawon: geguritan, tembang macapat, opini, uga crita cekak.

- Advertisement -spot_img

2 KOMENTAR

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisement -spot_img
Latest News

Puisi-puisi pendek Fathurahman Ramadhan

Kata Kata selalu tertinggalDari kebutuhan zamanBahkan kitaTak bisa menggambarkanLukaYang diberikan penguasa Yogya, 2025 Frasa Hingga kita mencoba trilyunan kombinasiKataMustahilMenemukanIstilah untukKegelapan ini Yogya, 2025 Klausa Pada sebagian...
- Advertisement -spot_img

More Articles Like This

- Advertisement -spot_img