Minggu, Mei 3, 2026
No menu items!

Geguritane Rois Pakne Sekar

Must Read
Rois Milano
Rois Milano
seorang guru Sekolah Dasar (SD) Tinggal di Malang Jawa Timur, Indonesia

Lambe Judhas lan geguritan liyane

Lambé Judhas

Aku kelingan bacio délla morté
Saka lambéné Judas ing wêngi pasêdhahan kang pungkasan
Apa ya kaya ngono, lambému
O, wong ayu?

Jan-jané pitakon iki ora nyadhong wangsulan-
arupa têtêmbungan
Sing dakbutuhaké amung kasunyatan

Mula mênênga waé tanpa swara
Mung sunggingên wae èsêm sing paling manis-
ing pasuryanmu,
Supaya aku léna
Lali marang saisiné ndonya

Yén ta mengko ana upas ing lathimu
Ora bakal dakgagas
Aku wis marêm, bagja kang tanpa upama

Kutha Malang, 17/02/2026

Antarane Grimis, Kapang, lan Tatu

Grimis sore ing sasi Pasa
Tletike pindha tangise Dewi Supraba
Nalika ngantu-antu tresnane Sang Mintaraga
Kaya kang sinerat ing pupuh Asmaradana

Dhuh Gusti, apa grimis iki Kok ronce saka katresnan?
Mula bisa ngusadani kapang sing dak rasa

Grimis sore ing wulan Pebruari
Tumetese arang-arang kaya iline waspa
Nampes pasuryan, nrembes ing ati
Nunjem nganti ing jrone dhadha

Dhuh Gusti, apa pancen grimis iki Kok ripta kanggo mbasuh tatu?
Tatu kang datan kasat mata, tanpa ludira
Nanging tilase sepréné durung bisa sirna

Malang Brang Kidul, 18/02/2026

Tragedi Mawar Putih

Nate aku nduwe winih mawar putih
Dak tandur ing taman ati
Dak siram kapang, dak rabuki tresna asih

Angen-angenku mung siji
Yen wis wancine ngembang
Bisa dak pêtik kanggo rêrêngganing kuping
Dak sunting ing talinganmu, kênya sing dak puja

Nanging geneya, dhuh wong manis?
Kowe ndadak sulaya
Kenapa puspita sing meh mekar iki,
Malah kok panggang ing nduwure wawa praduga?

Malang Brang Kidul, 20/02/2026

Dalan Kendalsari, Sore Iki

Dak liwati dalan iki
Nalika udan grimis wulan Januari
Lumaku ing wayah sore, kaya lelampahan kang kapungkur
Nalika mulih saka pawiyatan SMA

Pancen wis pendhak telung dasa warsa
Nanging rasane kaya isih wingi,
Aku nyawang lakumu kang kebat nrajang udan
Nyatane payung werna ungu ora bisa nyingitaké ayumu
Pucuk-pucuk rikma kang têlês ketampon banyu,
Nambahi prabawa pindha sang bethari
Ah, kabeh isih cetha kumlebat sajroning nala

Nanging crita ing dalan Kendalsari kudu dipungkasi
Cuthêl sadurunge kobêr ngrembaka
Ing prapatan sisih kidul kuwi
Kowe ngulon, dene aku kudu njupuk dalan mangétan.

Malang Brang Kidul, 16/02/2026

Gurit Sora ing Langit Kanaan

Nalika angkara murka wus ngambra-ambra
Nebar winih paprangan ing saindenge ndonya
Lan sipat welas asih wus kakiwa
dening ratu negara-negara adikuasa
Tansah adigang, adigung, adiguna
Dumeh rumangsa dadi umat pilihan
Datan keguh saka sakabehe fatwa kamanungsan

Mula iki wancine ayat-ayate Gusti njelma gaman
Gurit-gurit lirih malih swara dadi sora
Triwikrama ing angkasa, dadi misil maneka werna
Shahab, Fattah, Khorramshahr, Kheibar, lan Sejjil
Kadya udan ing langit Kanaan
Matikel-tikel pindha panah pasopati
Siji dadi satus, satus dadi sayuta
Nyangking titipan donga saka umat sajagad
Cumlorot nunjem bantala Eretz Yisrael
Ngelingake janji, nagih utang pati
Ngganepi jangka kang sinerat ing kitab suci
ewonan tahun kawuri
Malang Brang Kidul, 27 Ramadhan 1447 H

ROIS PAKNE SEKAR

ROIS, S.AP, Alumni Fakultas Ilmu Administrasi, Jurusan Ilmu Administrasi Publik, Universitas Brawijaya tahun 2004. Lair ing Malang, 20 Februari 1980. Nate aktif ing SANGGAR SEKOLAH BUDAYA TUNGGULWULUNG wiwit taun 2015 nganti 2018 minangka Ketua Prodi Sinau Tembang Macapat Jawa (STMJ). Saiki dadi Guru Basa Jawa ing SMP AL RIFAIE Gondanglegi lan SD NATURE GREEN AL ZAMACHSYARI Gondanglegi, Kabupaten Malang.
Nate nderek antologi cerkak “Godhong Waru” sareng SANGGAR SASTRA JAWA LE NDUK GODHONG GARING TULUNGAGUNG tahun 2024. Uga nate nulis buku kumpulan esai lan cerkak “Hidup Cuma Mampir Ngintir” ing tahun 2024. Nate dadi JUARA 2 LOMBA PENULISAN PUISI ETNIS (ing pengetan dina aksara) sa-Jatim tahun 2024.
Karya Sastra Geguritan lan Cerkak nate kapacak ing media jelata.co; dene puisi, cerpen, esai lan liya-liyane kang katulis ing Bahasa Indonesia kapacak ing media online kayadene mojok.co, nyimpang.com. cangkeman.id, rahma.id, omong-omong.com, lan sanes-sanesipun.
Saiki manggon ing Dsn. Bendilwuni, Ds. Kademangan, Kec. Pagelaran, Kab.Malang, Jawa Timur. HP. (WA) 081216991709, email: rois.milan@gmail.com, FB: Rois Aja.

- Advertisement -spot_img

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisement -spot_img
Latest News

Salam Ingatan dari mbak Pingki Ayako

Hallow Kawan-kawan Jelata... Mbak Pingky Ayako, perempuan blasteran Jepang ini titip salam pada teman-teman semua. Salam penuh daya kreativitas bagi...
- Advertisement -spot_img

More Articles Like This

- Advertisement -spot_img