Sabtu, Juni 14, 2025
No menu items!

Geguritan Mei Efendi lan Heru Patria

Must Read
jelatadotco@gmail.com
jelatadotco@gmail.comhttps://jelata.co/
jelata.co adalah media untuk masyarakat yang suka bekerja dan berkarya.

BANTALA RENGKA

Agustus
Ing antarane lemah nela lan angin garing
Marang angkupe kembang-kembang randhu
: ana kang terus ndangu jenengmu
Sedawane Agustus
Sedawane Agustus
Ora ana kang bener-bener obah sedawane Agustus

Sedawane Agustus
Mung bangsane kewan lemah kang mbrenah
Ing antarane lemah rengka lan angin layu
Mung godhong-godhong kang thukul ing sariraku
Saka sesakit kang tak tandur ing wulan wingi

Ngadirenggo, Januari 2025

SUTA MANUT MARANG BAPA

Agustus – September
Suket grumbul mrambat nganti tekan njaba pager
Kaya dene anak ngupadi bapake
Sawetara bung-bung padha tingis
Angin sumilir alon
Saka arah Lor tumuju arah Kidul ngupadi samodra
Wong-wong padha budhal menyang tegal-tegal
Panen sesakit sing wingi ditandur
Meneng-meneng akeh kang thukul sasi iki
Lan mangsa ketiga bakal arep lunga

Ngadirenggo, Januari 2025

PANCURAN EMAS SUMAWUR ING JAGAD RAYA

Oktober – November
Ing sawijining esuk laron – laron padha mabur
Saka erong sing kok tinggalake
Jalaran ing wanci subuh udan tumiba
Mbusak sekabehing tipakmu
Banjur godhong – godhong meksa metu
Saka wit asem jawa
Mrambat kaya dene anak rambutmu
Lan gogrog kembang Angsana…!
Ngelingake sliramu ing wanci esuk iki
: ngelingake kali cilik ing pager omah
Sing banyune mili tumuju sawah
Ngelingake sliramu ing wanci esuk iki
: ngelingke rasa was-was udan emas
Saka wit-witan Angsana

Ngadirenggo, 12 Januari 2025

PENGGURIT

Mei Efendi saged dipun dangu Fendi Lahir Blitar 28 April 1994. Alamat Dusun Ngolakan Rt 03 Rw 04 Desa Ngadirenggo, Kecamatan Wlingi Kabupaten Blitar Jawa Timur. Samenika dados Seniman Dalang Wayang Kulit lan Pengrawit ( penabuh gamelan), ugi dados anggota wonten DAMAR SASAJI ( paguyuban Dalang Muda Blitar Sayuk Sawiji ), ugi dados anggota aktif wonten Suara Sastra ingkang mapan wonten ing kabupaten Blitar.

URIP KANG PRASAJA

Kamardikan sejati anane ing njero ati
Dudu ing gendera sing kumlebat ing pucuk cagak wesi
Mardika ora ateges bebas tumindak sembrana
Nanging kudu tetep tepa slira
Marang sapadha-padha

Urip ana satengahing bebarayan
Ora kena tumindak serik marang liyan
Kudu tansah aweh pangormatan
Jalaran ajine diri saka lathi
Ajine raga saka busana

Senajan kabeh manungsa mardika solah bawa
Nanging ana paugeran sing kudu dijaga
Aja pisan pisan tumindak aigang adigung adiguna
Supaya dalan urip tansah prasaja
Laku gumathuk trapsila

Luwih becik urip manut ilmune pari
Kang ora tau gumede senajan kebak isi
Jalaran sakbeja bejane wong lali
Isih beja wong kang eling titahe gusti
Mituhu tanpa nbglakoni saru
Njaga unggah ungguh sakdawane laku

Blitar, 2025

LAMBE GARING IDU PAIT

Ana ngendi papan dununge kamardikan
Yen isih ana kawula sing urip sarwa kecringkangan
Ijasah dhuwur ora isa oleh pakaryan
Jalaran polahe panguasa ora beda karo dagelan
Kurang prasaja kebak pasemonan

Gendera bangsa luntur tanpa warna
Katon pucet sajak lagi nandang lara
Jalaran undang undang tansah diruda peksa
Amrih anak lan kluarga pikantuk kursi kuasa

Manuk garudha saempere kelangan sewiwi
Ora bisa mabur dhuwur kanggo ngayomi
Kawula cilik kleleran kaya gabah diinteri
Nggayuh kamardikan urip angele setengah mati

Lumantar gurit dak titipake perihe jerit
Saka lambe lambe garing idu pait
Mbesok yen kamardikan urip wis bisa karakit
Ora mokal tetes eluh pinangka pamit

Gusti panjenengan paring kawula kamardikan sejati
Kanggo tamba lungkrah jiwa sing wis suwe ngupadi
Kamulyane urip kaya ing njero ngimpi

Blitar, 2025

PENGGURIT



HERU PATRIA mujudake jeneng singlon saka Heru Waluyo, pangripta novel asal saka tlatah Blitar Jawa Wetan sing uga demen nulis crita cekak, wacan bocah, lan gurit.

- Advertisement -spot_img

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisement -spot_img
Latest News

Salah Tampa: Kegamangan Dramatik dan Kehadiran Ruang Pertunjukan

Salah Tampa (31/5) judul pertunjukan yang hadir di Taman Budaya Kulon Progo telah sampai dengan selamat - menjadi media...
- Advertisement -spot_img

More Articles Like This

- Advertisement -spot_img