SAWITRI – SATYAWAN
Dheweke wis wuta
Nresnani priyagung kakung
Sing cedhak marang patine
Mung kari nduwe setaun uripe
Etungan detik, menit, dina lan candra
Saya ngoyak wanci
Ing panggantha mubenge wektu bisa luwih suwe maneh
Anggone urip bebrayan klawan kakunge
Nanging Satyawan wis teka marang pesthine
Sukma pecat ninggalake raga
Sawitri kumejot manahe
Eluh kang tumetes kaya tangkis dhadhal
Mbanjiri sarandune raga
Ngrogoh sukma mbujung marang Yomaniloka
Bantah ing kahyangan
Gugat marang Jawata
Sawitri unggul ing lesan
Satyawan bisa bali ngendhong kabagyan
Katresnan pancen ampuh trumprap panguripan
Ngadirenggo, 09 Desember 2024
ASMARADANA
Mangsa rendheng wus katemahan
Bangkit nggurit nggarit larikan
Sapungkure udan nelesi larahan
Ngrucat kangen sing kegawa jaman
Bendhe tinabuh
Slompret sesauran
Wadya bala siaga
Ngebegi alun-alun Majalengka
Senapati pekik ing warna
Unggyane Damar Sasangka
Nuli mulad mring dyah ari
Medhar uni pamit mbrastha Wira Bumi
Anjasmara adhiku…?
Saputen eluhmu kanthi esem kang manis
Pun kakang nuli mangsah jurit
Mring Prabalingga
Tandhing lan Huru Bhisma
Karya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra.
Blitar, 25 Desember 2024
ALAP – ALAPAN SURTIKANTHI
Kala mangsane
Aku uga nate dhedhelikan ing gelung rambutmu
Jenjem ing kana, ujarmu
Ngomahi sepimu
Lan ing pangkonmu anggonku tetugur, mbetengi wulangun
Kang ngumbara ing sedawaning tembok taman sari
Mapana jenak ing kana, ujarmu
Rampungna playonmu
Nanging sarandune badanmu dudu candhiku
Ora ana jenengku ing kana
Aku mung duratmaka sing kudu terus mlayu
Blitar, 31 Desember 2024
GOLEKAN
Tontonan wayang kae wis paripurna
Tancep kayon dirampungake nengahi tengara subuh
Mbok menawa sliramu wis nglilir
Lan alon-alon ngrumangsani
Wewayangmu wis keplayu lunga
Ora ana rajah kang kudu diwaca maneh
Sauntara sepasang Golekan
Sepasang jiwatma kaku
Kang mbeksa dibujung wektu
Blitar, Desember 2024
WISA KENTIR ING MARUTA
Desember – Februari
Langit peteng
Angin mawa wisa
Nanging janji – janji kudu ditetepi
Kaya dene winih pari sing kudu ditandur
Marang derese udan
Aku mung bisa njurung pandonga
Sisakna tipak sikile
Sisakna arum sarirane
Marang kali – kali kang butheg
Aku mung bisa njurung pandonga
Sisakna wewayang pasuryane
Sisakna sethithik wae.
Ngadirenggo, 06 Januari 2025
Penggurit

Mei Efendi ugi saged dipun dangu Fendi
Lahir : Blitar 28 April 1994
Alamat : Dusun Ngola’an Rt 03 Rw 04 Desa Ngadirenggo
Kecamatan Wlingi Kabupaten Blitar Jawa Timur
Samenika dados Dalang Wayang Kulit ugi Pengrawit (penabuh gamelan), dados anggota aktif wonten paguyuban DAMAR SASAJI ( Paguyuban Dalang Muda Blitar Sayuk Sawiji ), ugi anggota aktif wonten Suara Sastra ingkang mapan wonten Kabupaten Blitar, ugi anggota aktif wonten Suara Sastra Jawa ingkang mapan wonten Kabupaten Blitar.