BANTALA RENGKA
AgustusIng antarane lemah nela lan angin garingMarang angkupe kembang-kembang randhu: ana kang terus ndangu jenengmuSedawane AgustusSedawane AgustusOra ana kang bener-bener obah sedawane Agustus
Sedawane AgustusMung bangsane kewan lemah kang mbrenahIng antarane lemah rengka lan angin layuMung godhong-godhong kang thukul...
SAWITRI - SATYAWAN
Dheweke wis wutaNresnani priyagung kakungSing cedhak marang patineMung kari nduwe setaun uripe
Etungan detik, menit, dina lan candraSaya ngoyak wanciIng panggantha mubenge wektu bisa luwih suwe manehAnggone urip bebrayan klawan kakunge
Nanging Satyawan wis teka marang pesthineSukma pecat ninggalake...