Desa Kadêmangan gégér. Isuk-isuk wis ana ontran-ontran, utawa luwih trêp yén diarani unjuk rasa.
“Kang Turah murtad, wis dadi kapir! Kudu oncat saka kampung iki!” Mangkono panyêrune para warga ing ngarêp Bale Desa. Ora cêtha sapa sing mandegani, bakune Jumat isuk kuwi ora kurang saka satus massa sing wis nglumpuk. Kabéh padha nguntabake rasa geêthinge marang salah sawijining warga desa kinaran Kang Turah.
Para warga kuwi nganggit yén Kang Turah wis dadi rêrêgêde kampung. Mula kêkarêpane warga desa ora liya amung supaya Kang Turah ditibani pidana dening pamong. Sukur bage yén paukumane arupa panundung, Turah sakulawarga diusir saka Desa Kadêmangan.
**
Desa Kadêmangan minangka sawijining kampung agraris sing kalêbu ing tlatah Malang Kidul, kahanane bisa kinaran gêmah ripah loh jinawi, tata têntrêm kêrta raharja. Mayoritas wargane mêrgawe dadi petani, mêrga kahanan geografise pancén cocok kanggo têtanén. Lahan sawahe isih jêmbar bawera, uga subur kang sarwa tinandur. Kaline isih amba tur rêsik, lan ora nate kasatan sênadyan ing mangsa kêtiga. Mula bisa kanggo irigasi lahan pertanian sadawane tahun.
Lumrahe para tani ing Desa Kadêmangan nandur pari, nanging uga ora sithik sing nandur têbu, sayuran, lan têtanduran palawija liyane. Kang Turah, salah sawijining warga, uga ndadekake têtanen minangka sumbêr panguripane. Wis pitung mangsa panénan iki sawahe sing patang kêdhok tansah ditanduri pari, ora nate ditanduri têbu utawa palawija.
Kira-kira sêwulan sadurunge kêdadeyan ontran-ontran ing Bale Desa, Kang Turah katon thêngêr- thêngêr dhewe ing sawahe. Dhêngkule lêmês kaya-kaya tanpa daya, mula dhéwéke sumendhe ing wit klapa. Dene pasuryane lêsu madhêp mênyang pojokan sawahe sing kêbak uwuh.
Wiwit sêwulan kêpungkur Kang Turah wis nyumurupi yén ana umbrukan sangkrah pampers ing pojok galêngan sawahe sing sisih kidul. Galêngan sisih kidul kuwi pancén cêdhak karo ratan, mula kadhang kala ana wong sing kurang tata mbuak larahan ing kono.
Nalika iku Kang Turah isih sabar. Dhéwéke ngalahi njupuki sangkrah kuwi, digawa mulih banjur dipêndhêm ing juglangan mburi omahe. Nanging suwe-suwe cacahe sangkrah sing dibuak ing sawahe saya akéh. Kayane wong-wong kampung liyane rumangsa nêmu panggonan anyar kanggo mbuak rêsêk.
Jan-jane Kang Turah ya ora pasrah marang kahanan. Dhéwéke wis nyoba ngrekadaya, ménéhi plang tulisan wêrna abang ‘Umate Kanjeng Nabi ora mbuak larahan ing kene’ ing ngarêp sawahe. Nanging yagene ora ana kasile. Sajake wong-wong Desa Kadêmangan sing sok ngawur mbuak sampah kuwi ora ana sing bisa maca.
“Wong-wong kampung iki kok mêntala bangêt marang aku, mbuak sangkrah sakêpénake udhêle dhewe anéng sawahku.” Pocape lirih, ora cêtha tinuju marang sapa. Mbok mênawa kuwi wujud sambate marang sedulur papate, sêbab ing kono lagi ora ana pawongan liya.
Ora lêt suwe, Yu Sum têka nyangking rantang. Pancén wis dadi pakulinane sabên isuk nyusul mênyang sawah sapêrlu ngirim sêga lan lawuh kanggo sarapane Kang Turah, ya garwane dhewe. Dina iku dhéwéke nggawa sêga jagung, krawon kulupan, lan tahu-tempe goreng. Ora lali iwak asin dhêemêenane ‘kang garwa.
“Owalah Pak.., isuk-isuk durung nganti tandang gawe kok malah thêngêr-thêngêr. Tinimbang nglamun nggalih sing ora-ora, aluwung enggal sarapan kene” ature Yu Suméléh marang bojone.
“Sêga rantangan saklawuhe diséléh pondok dhisik wae Bune. Aku lagi judhêg iki, ora karêp sarapan.” Jawabe Kang Turah, sinambi mlaku alon-alon nyêdhaki Yu Sum.
“Wéladhalah.. njanur gunung, gênéya sampéyan dina iki kok ora kaya padatan? Lagi mikir apa ta Pakne? Mbok ya sharing karo aku, sapa ngêrti bisa mélu urun rêmbug”
“Coba ta sawangên galêngan sisih kidul sing cêdhak dalan kae, saya suwe saya kêbak sangkrah. Sabêndina ana wae wong sing nguncalke larahan ing kono. Yén terus-terusan kaya ngene bisa rusak parine awak dhewe Bune..”
“Iya, iya Pakne, aku wêruh. Kêpriye ya nalare wong-wong kuwi..” Yu Sum mangsuli lirih karo ngukur-ngukur rambute sing nyatane ora gatêl.
Rada suwé Yu Sum ora bisa caos parêmbugan marang bojone. Sêmono uga Kang Turah, kaya kêntékan gagasan kanggo ngudhari perkara. Mula wong loro kuwi padha mênêng-mênêngan wae kaya sêpasang nom-noman sing lagi jothakan.
“Aha! Aku nduwe ide Pakne!” kandhané Yu Sum rada sêru, nganti gawe kagét Kang Turah.
“Kowé iki lho! Panêmu ya panêmu, nanging ya aja ngagét-ngagéti bojo. Mêngko yén jantungku kumat piye? Sida randha tênan kowe.”
“Sampéyan kuwi lho.. yén lagi judhêg gojékane rak ngawur. Wis ta, énggal nyêdhak mrene, dakbisiki. Panjênêngan midhangêtke kanthi prêmati, mêrga ora bakal dakbaléni.”
***
Ora nganti suwe sawise entuk panêmu saka bojone, Kang Turah miwiti nggawe rekadaya ing sawahe. Saben isuk uput-uput sadurunge sêmbahyang Subuh, dhéwéke menyang sawahe sapêrlu nyéléh ponang sêsajén ing ngisor wit klapa sisih kidul, cêdhak panggonan sing dok dienggo mbuak larahan warga desa.
Sêsajéne prasaja wae, mung arupa êndhog pitik, godhong suruh, lombok, brambang-bawang, kembang têlung wêrna, lan dhupa. Ora lali, wit klapane uga dikêmuli kain poléng irêng putih, kaya kaine Radén Arya Wêrkudara.
Pakulinan kuwi ajêg ditindhakake Kang Turah. Sêminggu, rong minggu, nganti têlung minggu; ndilalah wis ora ana maneh warga desa sing wani mbuak larahan ing galêngan sisih kidul kae. Kasunyatan kuwi ndadékake bungah atine Kang Turah.
Mula dhéwéke mésam-mésêm nyêdhaki bojone. “Bejo tênan aku nduwe garwa sliramu Bune. Senadyan ta ora pati ayu, nanging puintêre ora jamak. Panêmumu bab sêsajén ndek kapan kae nyata mujarab. Saiki wis ora ana sing wani mbuak rêsêk ing sawahe dhewe.”
“Sapa dhisik? Yu Suuum.., wanodya paling lantip saindênge Kadêmangan.”
“Yén kaya ngene, insyaAllah panéne dhewe bakal apik. Gêgayuhanmu tuku sepedha listrik bakal bisa kalêksanan tanpa alangan.” Kang Turah mbacutake omonge.
“Amin, iya Pakne.. mugi Gusti Allah ngijabahi.”
****
Kang Turah lênggah ing pêndapa Bale Desa Kadêmangan disandhing Pak Kepala Desa lan para pamong, uga Babinsa lan Danramil Gondanglêgi. Lungguhe Kang Turah antêng lan tênang wae, ora katon wêdi yén bakal dipidana para warga desa sing lagi padha muntab.
“Bapak-bapak lan para sêdérék sêdaya, Kang Turah sampun dugi ngrawuhi timbalan kula. Mula kula suwun perwakilan saking warga ngaturakên unêg-unêgipun, menapa ingkang dados tuntutan panjênêngan sêdaya. Mangga, sintên ingkang badhe matur?” dhawuhe Pak Lurah mêrbawani.
“Kêparêng kula ingkang matur minangka wakilipun para warga.” Lik Mat ngadêg miwiti atur. “Kang Turah mênika sampun nglakoni tumindak ala, awujud paring sêsajén wontên ing sabinipun. Mbotên namung sêdintên kalih dintên, nanging sabendinten. Mênika dados bukti mênawi dhéwéke sampun mingêr kiblatipun, sampun nilar piwulang agami, cêthanipun sampun murtad. Mula mbotên pantês malih dados warga Desa Kadêmangan ingkang sampun kondhang kaloka minangka Desa ingkang agamis.”
“Nyuwun agunging pangaksami Pak Lurah, kula mbotên trima mênawi dipunwastani murtad.” Kang Turah angkat swara. “Para rawuh sêdaya kula aturi mawas dhiri, nggrayahi jithokipun piyambak-piyambak. Nalika panjênêngan ndudingakên driji panuduh dhumatêng kula, sejatinipun driji ingkang sêkawan bali nduding marang dhiri pribadi panjênêngan. Cobi dipun..”
“Wis ora usah kakehan umuk!” Lik Mat munggêl, mulai ora sranta lan njabêl basane. “Wis cêtha sampeyan nyéléh sêsajén ing sawah. Kuwi mêsthi ngajab pitulungan marang danyangan. Kuwi arane syirik! Lan dosane ora bakal disêpura dening Gusti. Gawe alane jênêng Desa Kadêmangan wae”
“Mangke rumiyin ta Lik, ‘mpun kêsêsa muntab. Kêrsane Kang Turah mbacutake katrangane.” Pak Lurah nyoba nêngah-nêngahi.
“Matur nuwun sangêt Pak Lurah.” Kang Turah mbacutake. “Kula caos sêsajén mênika namung wujud rékadaya kula. Amargi kathah warga ingkang téga mbucal larahan dhatêng sabin kula. Mênawi mbotên kula cêgah mangke saget ngrusak pari, lajêng nyuda kasilipun panénan kula. Tujuanipun rékadaya sêsajén mênika supados tiyang-tiyang ajrih mbucal sangkrah tên sabin kula.”
“Owalah.. jêbule ngono.” Swarane para warga saur manuk.
“Lan malih, panjênêngan sêdaya mênika kêdahipun lingsêm, isin dhumatêng agami.
Minangka umatipun Kanjêng Nabi kok taksih tumindak ala, mbucal larahan tên sabinipun liyan. Sênadyan ta tiyang sanés mênika béntên agama, mbotên atêgês angsal dipunrampas hak-hakipun. Kamangka hak lan kêwajiban mênika sampun dipunrêksa dening Pancasila lan UUD 1945.”
Kang Turah mbacutake pidhatone sinambi ngléwés mêtu saka pêndapa “Cêkak cêkapipun, wontên ing Nêgari Kêsatuan Rêpublik Indonesia mênika kula uga nggadah hak kamardikan tumrap dhiri pribadi kula, sabin kula, langkung-langkung malih tumrap agami utawi kapitayan kula.”
PENULIS

ROIS, utawi asring sinebut Rois Pakne Sekar, minangka sawijining tiyang jalu lumrah kang manggon ing tlatah Malang Kidul. Kanugrahan kulawarga garwa kinasih lan dwi putra kinaran Sekar lan Bhre.
Minangka warga(rakyat) jelata, sabendinane ngayahi pakaryan mucal ing Pondok Pesantren Al-Rifaie 1 Gondanglegi. Kang diwucalake uga pelajaran limrah, Basa Jawa, Basa Inggris, lan P5. Sakliyane mulang, kala-kala uga kadhapuk dadi Ratu. Sanes Ratu kang satuhu, nanging Ratuning kethoprak.
Kangge njagi kesarasan mental, nduweni kasenengan nulis sabubare mucal. Nyerat punapa kemawon: geguritan, tembang macapat, opini, uga crita cekak.
Kula remen cariyos menika, kathah pesan moral ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Dipuntengga karya-karya sanesipun, Bapa. 🙏☺️
Matursembahnuwun Apresiasinipun …
Wah, Bu Andari sampun dumugi mriki 😀