Cathethan Oktober 2024
Kudu menyang ngendi maneh anggenku nggoleki
Dununge usada tumrap maewu-ewu rasa kuciwa
Kang wis mataun-taun mesanggrah sajroning ati
Saungkure sliramu ilang kapanggang panase mangsa ketiga
Wis ora kurang-kurang anggenku lawange langit
Nganggo rantaman tembung-tembung panyuwunan
Nanging kena ngapa rasa pait sing dakrasakake tansaya nylekit?
Banjur, apa pancen wis dadi pesthiku mecaki dalan iki ijenan?
Tekan saiki isih durung bisa dakngerteni
Ing uripku iki apa sing kudu dakgoleki
Nanging, samesthine ana sawijining pesthi saka Gusti
Kang ndadekake uripku ora mung kanggo nunggu tekane pati
Tulungagung, 2 Oktober 2024
Godhong Tuwa
Godhong tuwa gumlethak ing lemah kang rengka
Sawise gondhelane uwal katerjang angin ketiga
Daksawang dheweke ora nggetuni
Marang sing nembe wae dumadi
Menawa wae dheweke wis bisa mangerti
Yen urip ngono mung kari nuruti garising pesthi
Aku lan sliramu padha dene ngerteni tekane srengenge
Murih enggal bisa tandang gawe
Meres kringet lan tenaga
Kanthi pangajab bisa nglumpukake bandha donya
Saking kerep lan sengkude makarya
Samangsa ndadekake aku lan sliramu lali
Ngucapake atur panuwun lan ngregani
Dhiri pribadi
Tulungagung, 5 Oktober 2024
Biodhata Penulis

Zuly Kristanto
Pawongan enom sing sregep lan pinter gawe geguritan lan cerkak. Wis nerbitake buku-buku sastra jawa geguritan lan cerkak. Saiki deweke manggon nang RT 02 RW 06 Ds. Mirigambar Kec. Sumbergempol Kab. Tulungagung
No Hp : 085707088247